Jumat, 23 Oktober 2026

Purna Wiyata Siswa Pambiwara

Administrator
Sabtu, 30 Mei 2026 12:19 WIB
Purna Wiyata Siswa Pambiwara
Ist
halomedan.com -Purna Wiyata Siswa Pambiwara

1.
Dhandhanggula

Purna wiyata pra siswa siswi,
Kraton Surakarta Hadiningrat,
Wanci tabuh pitu sore,
Babaran papat telu,
Rasa sembah legawaning dwi,
Mangka tahun sengkalan,
Mei telu likur,
Rong ewu nem kalampahan,
Sampun prapti kawisuda tata gati,
Sumorot kang perbawa.

2.
Pangkur

Reriptan tari bedhaya,
Murwakani tata cara pamardi,
Kagunan wusnya sinebut,
Wireng Lintang Sesinggah,
Mawi petung edi peni adi luhung,
Raditya Lintang Sasangka,
Laras ciptaning penggalih.

Baca Juga:
3.
Pucung

Jeng Sinuwun Paku Buwana mangayun,
Kaping Kawan Welas,
Sarta Ratu Wandansari,
Sung sesorah pawiyatan tambah berkah.

4.
Durma

Winisuda ing bale Semarakata,
Busana jangkep Jawi,
Jumbuh paugeran,
Miturut pamulangan,
Parang paring rinengga bening,
Sana Pustaka,
Pra sarjana winasis.

Baca Juga:
5.
Mijil

Wireng Lintang Sesinggah winardi,
Momong momong momot,
Dirga yuswa guna kaya sae,
Sang pangripta seket sanga warsi,
Karya darma bakti,
Sumunar sesuluh.

6.
Gambuh

Pambiwara lumaku,
Ngelmu laku katuju tinemu,
Olah pikir kawignyan reriptan kampir,
Gladhen gedhen wus tinamtu,
Mangka sanggar pasinaon.

7.
Asmarandana

Cahya terang anelahi,
Tumrap siswa kawisuda,
Piindha sekar rinonce,
Ganda arum trus mangambar,
Mlathi kenanga sumebar,
Luhur mujur gya sumawur,
Sanggar ageng pambiwara.

8.
Kinanthi

Jajar jejer bareng maju,
Jawat asta pangastuti,
Asung pambagya raharja,
Paripurna nggennya ngesti,
Kembang sari kabudayan,
Tuking becik wohing apik.

9.
Megatruh

Ayun ayun kagunan gawe kayungyun,
Endah edi milangeni,
Winarah pujangga agung,
Pana pranawa ing kapti,
Sumber budaya karaton.

10.
Sinom

Sagung siswa pambiwara,
Amrih bisa laris manis,
Gancar lancaring pakaryan,
Tanggapan ing pundi pundi,
Rejeki mbanyu mili,
Gumuyu karana payu,
Kajen kopen minulya,
Mrika mriki sarwa bathi,
Kawibawan kawidadan kaluhuran.

11.
Maskumambang

Tatas titis winasis ing samukawis,
Pasinaon pambiwara,
Kraton Surakarta yekti,
Siswa sanggar rum kawentar.


Karaton Surakarta Hadiningrat,
Purwadi


Ayo baca konten menarik lainnya dan follow kami di Google News
Sumber
:
SHARE:
Tags
Berita Terkait
Kasuwargan Paku Buwono XII

Kasuwargan Paku Buwono XII

Tembang Prof Dr HR Wijaya M.Si.

Tembang Prof Dr HR Wijaya M.Si.

Sosiologi Islam Kejawen

Sosiologi Islam Kejawen

Nyi Lanjar Ratu Laut Jawa

Nyi Lanjar Ratu Laut Jawa

Abdi dalem Kendal Tampi Ganjaran Pangkat

Abdi dalem Kendal Tampi Ganjaran Pangkat

Memayu Hayuning Bawana

Memayu Hayuning Bawana

Komentar
Berita Terbaru