Hikayat Istana Maimun
1.
Gambuh
Ing istana Maimun,
Wanci esuk umun umun gumun,
Kutha Medan nyata asri edi peni,
Kagunan kang adi luhung,
Merti sejarah kelakon.
2.
Pucung
Murih hayu memayu adat Melayu,
Abadi yuwana,
Bisa basuki lestari,
Kabudayan kapribaden nusantara.
3.
Megatruh
Kang dhumawuh kadang mitra para rawuh,
Becik pinarak rumiyin,
Kersa lenggah dhahar ngunjuk,
Wigatine mampir kantin,
Eca sekeca miraos.
4.
Kinanthi
Rerembugan unggul mumbul,
Hikayat ing pantun syair,
Ajaran tepa tuladha,
Isine wewarah apik,
Lamun siswa gelem maca.
Seratan kitab klasik.
5.
Mijil
Istana Maimun warna kuning,
Kuncara kesohor,
Palataran resik jembar gedhe,
Lampu kencar bening,
Rinengga winangun.
6.
Asmaradana
Adat Melayu kawuri,
Kejayaan Kasultanan,
Deli Serdang agung rame,
Laladan pulo Sumatra,
Kinacek kajen keringan,
Sugih ber bandha ber bandhu,
Jamak antuk pakurmatan.
7.
Maskumambang
Harap mirip penesthi musium urip,
Adat Melayu minulya,
Warisan pikir winasis,
Peradaban winisesa.
8.
Durma
Tegal sawah kebun pelabuhan tambah,
Tinggalan pra narpati,
Sultan Deli Serdang,
Kawula pinaringan,
Welas asih luhurung budi,
Tata susila,
Sambung srawung serasi.
9.
Pangkur
Deli Serdang pancen kondhang,
Langkat Siak Indrapura winanci,
Bebeteng adat Melayu,
Nusantara rinengga,
Barang kawruh wedharan wejangan tangguh,
Tanggap tanggon ing Asia,
Amemetri jalanidhi.
10.
Sinom
Pelabuhan pelayaran,
Ngelmu intim ing maritim,
Kuwasa selat Malaka,
Pelopor nyabrang bahari,
Alun ombak jaladri,
Lamaksita numpak prahu,
Riau Kasultanan,
Narendra gung mandhegani,
Gita gita lampah telenging samudra.
11.
Dhandhanggula
Sultan Deli sung tepa palupi,
Tumrap sagung pangembating praja,
Sabang nganti Merauke,
Ing istana Maimun,
Ilmu becik bisa katitik,
Sangune pengabdian,
Langgeng tatag tutug,
Jangka jangkep genep genah,
Tatas titis pertitis ing samukawis,
Suwita nusa bangsa.
Setu Pon, 16 Mei 2026.
Purwadi