Tembang Prof Dr HR Wijaya M.Si.
1.
Dhandhanggula
Prof Wijaya sayekti winarni,
Badhe mendhar mangka guru besar,
Jroning pawiiyatan gedhe,
Babaran kawruh ngelmu,
Mligi bidang sosiologi,
Mistik kejawen Islam,
Sumebar sumawur,
Kampus UIN Raden Fatah,
Tata titi para kolega nekseni,
Kawignyan kautaman.
2.
Pangkur
Ngumandhang kota Palembang,
Banyu bening ilining kali Musi,
Marsudi dhawuh leluhur,
Lumantar ibu bapak,
Sung pituduh Prof Wijaya wani wanuh,
Kerajaan Sriwijaya,
Dadi wawasan historis.
Baca Juga:
3.
Mijil
Darma bakti dhumateng negari,
Mengabdi kesohor,
Arum wangi melati rinonce,
Prof Wijaya mejang siswa siswi,
Kebangsaan inggil,
Kabudayan unggul.
4.
Sambang sambung sawang srawung,
Wicara ketitik becik,
Grapyak sigrak tur semanak,
Ngendi papan mikolehi,
Gandheng renteng Prof Wijaya,
Andhap asor welas asih.
5.
Gambuh
Ilmu laku tinemu,
Suka sukur rahayu sempulur,
Prof Wijaya mulang muruk kawruh Jawi,
Sosiologi tinutur,
Satemah ngembuyung awoh.
6.
Pucung
Sinengkuyung Prof Wijaya adi luhung,
Wasis samudaya,
Sanak kadang kakung putri,
Mbudidaya murih raharjaning praja.
7.
Asmarandana
Zakat fitrah idul fitri,
Idul Kurban sasi Besar,
Gotong royong gawa gawe,
Jumurung kerja sosial,
imbang serasi selaras,
Prof Wijaya gugur gunung,
Caket raket seduluran.
8.
Megatruh
Unggul kabul organisasi pinunjul,
Sekretaris PGRI,
Sadarum Ketua Umum,
Wadhahe psiko terapi,
Prof Wijaya kersa momong.
9.
Durma
Ibu Ela Aspiati nama garwa,
Dita Nurul Safitri,
Putra sepisanan,
Tika Widya Utama,
Raka Andika Jagad katri,
Wusnya bebrayan,
Subur makmur basuki.
10.
Maskumambang
Muhammad Shalahuddin Syah kang pinilih,
Muhammad Nyakra Kusuma,
Lan Naila Larasati,
Tetiga wayah Prof Wijaya.
11.
Sinom
Kuat drajat pangkat semat,
Wirya arta tri winasis,
Prof Wijaya ngupakara,
Bu Ela nayogyani,
Ndherek kersa anak putu,
Mardi dalan kamulyan,
Yuwana hayu lestari,
Kawidadan kawibawan karaharjan.
Palembang, 7 Oktober 2026.
Purwadi
10.