Kamis, 05 November 2026

Wilujengan Grebeg Sekaten

Administrator
Jumat, 07 Agustus 2026 09:45 WIB
Wilujengan Grebeg Sekaten
Ist
Wilujengan Grebeg Sekaten

Tata cara grebeg sekaten kapurwakan kanthi wilujengan. Kraton Surakarta Hadiningrat ngadani rikala dinten Ahad Legi, 2 Agustus 2026. Kersa miyos Kanjeng Sinuwun Paku Buwono XIV. Mapan ing pagelaran Sasana Sumewa.

Pengageng Sasana Wilapa GKR Dra Koes Moertiyah M.Pd paring sabda pangandika. Sentana abdi dalem sami lenggah sinewaka.
Sigrak gumyak penak enak ketingal jenak. Ageman bethik Mataram katon edi peni.

Abdi dalem ulama enggal atur puji pangastuti. Tahlil takbir tahmid tasbeh mimbuhi suwasana luruh tuwajuh. Pendherek sami tadhah amin. Ing pangkah hajad dalem lumampah meneng anteng sugeng jeneng. Wilujeng tanpa pambeng.

Alun alun ler rebut dhucung ingkang nekseni purwakaning tata cara. Bakul bakul jejer jejer maneka warni. Dhaharan unjukan sumadya ing sadhengah papan. Suka parisuka mahargya muludan. Saking dhusun ngadhusun desa ngadesa gunung ngagunung kehing tiyang tanpa wilangan.

Baca Juga:
Angkasa biru padhang sumilak. Angin midhit sumilir seger buger. Weh prebawa Kraton Surakarta ngejayeng jagad raya. Kawula ngalap berkah.

Rel

Ayo baca konten menarik lainnya dan follow kami di Google News
Sumber
:
SHARE:
Tags
Pur
Berita Terkait
Kasuwargan Paku Buwono XII

Kasuwargan Paku Buwono XII

Tembang Prof Dr HR Wijaya M.Si.

Tembang Prof Dr HR Wijaya M.Si.

Sosiologi Islam Kejawen

Sosiologi Islam Kejawen

Nyi Lanjar Ratu Laut Jawa

Nyi Lanjar Ratu Laut Jawa

Abdi dalem Kendal Tampi Ganjaran Pangkat

Abdi dalem Kendal Tampi Ganjaran Pangkat

Memayu Hayuning Bawana

Memayu Hayuning Bawana

Komentar
Berita Terbaru