Minggu, 14 September 2025

Kembul Bujana Andrawina Sekul Kyai Dhudha

Administrator
Sabtu, 13 September 2025 22:28 WIB
Kembul Bujana Andrawina Sekul Kyai Dhudha
ist
Kembul Bujana Andrawina Sekul Kyai Dhudha

1.

Dhandhanggula

Kembul buja andrawina wiwit,

Siniwaka bangsal parasedya,

Wanci enjang katon rame,

Sigrak asri gumuruh,

Dhahar sega eca kang gurih,

Padangan Kyai Dhudha,

Ganda sarwa arum,

Sumerbak winoring sekar,

Kang sumiwi busanane milangeni,

Regeng saking mandrawa.

Kapinuju hari Ahad Paing,

Cethik geni pawon gondorasan,

Dahana mangalat gedhe,

Suminar mubyar murub,

Sri hastuti sagung dumadi,

Jagad bawana raya,

Gumelar gumulung,

Mardika daya dinaya,

Pamarsudi ginanjar hayu lestari,

Ngejayeng nusantara.

Kraton Surakarta cethik geni,

Adang Kyai Dhudha gondorasan,

Pawon gedhe wiyar rame,

Nulad Ki Ageng Tarub,

Pari wuli sempulur nuli,

Bathari Nawangwulan,

Cekap cakep cukup,

Mantu Bondhan Kejawan,

Sri Nawangsih garwa watak welas asih,

Kinarya patuladhan.

Siraman pusaka tanah Jawi,

Winursita dandang Kyai Dhudha,

Warna cemeng biru jene,

Jaman Ki Ageng Tarub,

Nawangwulan Dewi Nawangsih,

Widodari Kahyangan,

Tedhak turun ratu,

Getas Pendhawa Ki Sela,

Kyai Enis Pemanahan Senapati,

Leluhure Mataram.

Wanci Jumah Kliwon wus pinesthi,

Wilujengan konjuk Kyai Dhudha,

Sasana Karaton Kilen,

Tata cara lumaku,

Sarwa putih warna pinilih,

Abdi dalem sentana,

Lima tanggalipun,

September slawe warsa,

Mesu budi tunggal ciptaning pangesthi,

Amiwiti gawe adang.

Slasa Legi sigra murwakani,

Tata cara pawon gondorasan,

Jangkep genep uba rampe,

Tanggal rolas Agustus,

Tahun slawe abdi makarti,

Lenggah saluku juga,

Tur Ki Ageng Tarub,

Leluhure Surakarta,

Kanjeng Gusti Ratu Wandansari niti,

Pusaka Kyai Dhudha.

2.

Pangkur

Pangarsa abdi sentana,

Wanci ratri suwita darma bakti,

Wus kumpul sajuru juru,

Bangsal semarakata,

Mundhi dhawuh tan noleh baya pakewuh,

Jroning cipta umbul donga,

Ndherek Ratu Wandansari.

Yasa pawon gondorasan,

Abdi dalem sentana tandang kardi,

Anut tataning leluhur,

Karaton Surakarta,

Kayat kayun krana rahayu kayungyun,

Loh jinawi gemah ripah,

Pasir wukir panjang punjung.

Setu Paing adicara,

Kyai Dhudha miyos karya makarti,

Enjang kapyarsa gumuruh,

Karaton Surakarta,

Kapinuju pawon gondorasan tuhu,

Pangarsa sagung sentana,

Angiring puji hastuti.

3.

Kinanthi

Tahun Dal laku sewindu,

Kyai Dhudha nuting wanci,

Miyos saking palereman,

Dupa kumelun wiyati,

Nuju pawon gondorasan,

Busana putih pinilih.

Paugeran Kyai Tarub,

Pepundhene tanah Jawi,

Kuwat drajat pangkat semat,

Jiwa raga sarwa becik,

Lebda ber bandhu ber bandha,

Titis wasis samukawis.

Kusuma rembesing madu,

Wilwatikta Adipati,

Bupati wilayah Tuban,

Wicaksana surasakti,

Apeputra Rasawulan,

Kyai Tarub asesiwi.

4.

Durma

Turut marga munya nbrengengeng pandonga,

Wingit tumekeng langit,

Mawur japa mantra,

Ngumandhang ngawang awang,

Penghulu brahmana winasis,

Ageman jubah,

Waosan dikirim tahlil.

Tedhak turun wayah Kyai Ageng Sela,

Wutun sregep martani,

Tanem tuwuh sawah,

Alembah kathah mbruwah,

Subur makmur jagung lan pari,

Ngrembuyung pala,

Ayem tentrem lestari.

Raden Sahid Kanjeng Sunan Kalijaga,

Atmaja adipati,

Tuban Wilwatikta,

Sang raka Rasawulan,

Momong Kyai Tarub gemati,

Tepa tuladha,

Sanggya trahing narpati.

5.

Maskumambang

Madiun Trenggalek Magetan Kediri,

Ponorogo Nganjuk Blitar,

Sidoarjo Malang Ngawi,

Surabaya Nganjuk Jombang.

Wus lumaku jaman Kraton Majapahit,

Demak Pajang lan Mataram,

Kyai Dhudha kang wigati,

Murih manggih karaharjan.

Bondhan Kejawan atmaja Majapahit,

Sinuwun Brawijaya,

Palakrama lan Nawangsih,

Sesunu Getas Pendhawa.

6.

Pucung

Dugi Cepu Sukoharjo Sragen melu,

Sragen Karanganyar,

Wonogiri Boyolali,

Gya kinocap Semarang Klaten Cilacap.

Gelung sanggul kebayak wanita unggul,

Jarik sida mulya,

Rinengga samir bang kuning,

Weh perbawa kehing puja kinabulna.

Gya lumaku Getas Pendhawa sesunu,

Kyai Wanasaba,

Rara Kasihan pawestri,

Kyai Sela nurunake raja Jawa.

7.

Mijil

Laladan Banyumas Purwodadi,

Jepara Gemolong,

Banjarnegara Tegal Kebumen,

Rembang Tuban Wonosobo Pati,

Bantul Imogiri,

Kotagedhe Kudus.

Binarung siliring angin midhit,

Miyak witing godhong,

Kidungan donga nuli kemlawe,

Kraton Kilen kebak ing pamuji,

Tumraping negari,

Pinanggih rahayu.

Kyai Wanasaba trah priyayi,

Bibit bebet bobot,

Kadi dene inten mas rinonce,

Kaloka nami Juru Martani,

Sabinah linuwih,

Pangarsa Mentarum.

8.

Asmarandana

Tata titis pacak baris,

Ing pangangkah ngalab berkah,

Saking leluhur sumare,

Cinandhi aneng ngawiyat,

Swarga alam pengrantunan,

Dayane Ki Ageng Tarub,

Anugerah putra wayah.

Mligi kagem among tani,

Tanah subur tegal sawah,

Guyub rukun gandheng renteng,

Palagantung palawija,

Palapendhem palasimpar,

Pari tela jagung puhung,

Nemahi gemah raharja.

Rara Kasihan ketitik,

Becik garwa Kyai Ngerang,

Kondhang dadi kembang lambe,

Ki Ageng Penjawi putra,

Tumanak Ratu Waskitha,

Prameswari narendra gung,

Sri Danang Sutawijaya.

9.

Megatruh

Kamipurun kehing kawula mangayun,

Kyai Blawong ajang piring,

Tugur lek lekan sedalu,

Titi yoni ganda yoni,

Sumadya arsa cumadhong.

Sigra kabur kehing hama ilang mabur,

Musna tumuju wiyati,

Kyai Dhudha saben windu,

Jeng Sinuwun cethik geni,

Gondorasan nama pawon.

Senapati Nyakrawati Sultan Agung, Amangkurat siji dwi tri,

Paku Buwana rumuhun,

Mangkurat Jawi kesohor.

10.

Sinom

Rebut ngarsa pra kawula,

Umiring lumahing piring,

Kembul bujana ndrawina,

Lumaksita lenging kapti,

Jangka jangkah katiti,

Genep genah nggennya ngayun,

Kayungyun kautaman,

Pangandika aris manis,

Wus kawentar wulang wuruk kang kawedhar.

Sowan bangsal parasedya,

Kyai Blawong wus cumawis,

Kinarya dum duman sega,

Wujude pusaka piring,

Lurah mantri bupati,

Wiwit esuk umun umun,

Bujana andrawina,

Pacak baris tinon asri,

Parisuka pinaringan dhahar sega.

Duking babat kutha Sala,

Praba Suyasa lumaris,

Pindhah saking Kartasura,

Dhateng Surakarta nagri,

Prajurit pacak baris,

Parab Kanjeng Sunan Kombul,

Narendra binathara,

Mbahu dhendha nyakrawati,

Ambel adil ber budi bawa laksana.

11.

Gambuh

Tata cara sewindu,

Kyai Tarub maringi sumurup,

Sagung jalmi gumelaring tanah Jawi,

Emas picis bandha bandhu,

Ayem tentrem lahir batos.

Ndherek lekasing ratu,

Kyai Dhudha pinundhi lumintu,

Amberkati sakehing sagung dumadi,

Lelana samya lelaku,

Tamat lulusing lelakon.

Urut patut miturut,

Emas inten barleyan jumerut,

Amberkahi Kyai Dhudha siyang ratri,

Tanah gembur subur makmur,

Banyu bening kinclong kinclong.

Purwadi,

Ketua Lokantara

Ayo baca konten menarik lainnya dan follow kami di Google News
Sumber
:
SHARE:
Tags
Berita Terkait
Komentar
Berita Terbaru