Jumat, 18 September 2026

MBAHU DHENDHA NYAKRAWATI

Administrator
Jumat, 18 September 2026 17:12 WIB
MBAHU DHENDHA NYAKRAWATI
Ist
MBAHU DHENDHA NYAKRAWATI

1.
Dhandhanggula

Samya sowan dhateng Sitihinggil,
Kraton Surakarta Hadiningrat,
Bangsal Sewayana gedhe,
Prasetya Jeng Sinuwun,
Prasapa ing manguntur tangkil,
Dhuwur sela tri denta,
Sumpah suci tuhu,
Lenggah minangka narendra,
Binathara mbahu dhendha nyakrawati,
Sunan Paku Buwana.

Titi wanci sengkalan wigati,
Manising netra lilaning puja,
Tumpak Kasih ari moncer,
Nuju rolikur Mulud,
Wus pinilih dina linuwih,
September tanggal lima,
Tahune nem likur,
Setu Kliwon kalampahan,
Jumenengan jangkep genep genah yekti,
Miturut paugeran.

Gegebengan wedharan narpati,
Nata ambeg adil paramarta,
Wulang wewarah rinonce,
Angger anggering hukum,
Bawa laksana lan ber budi,
Netepi pangandika,
Medhar sabda arum,
Gancar lancar anggeganjar,
Sri narendra Surakarta amastuti,
Memayu hayuning rat.

Baca Juga:
Binarunging myang larasing gendhing,
Monggang ngumandhang ing awang awang,
Munya sigrak carabalen,
Amemuji ganda mastuti,
Gembira puspawarna,
Sri Katon mangungkung,
Kodhok ngorek sung prebawa,
Calapita gleyong udan anyartani,
Tindake sri narendra.

Tata cara rahayu lestari,
Gelar ringgit winastan ruwatan,
Sudamala lakon awet,
Prameswari Hyang Guru,
Luwar ruwet Dewi Pramoni,
Sri Susilo ki dalang,
Ngembani Sinuwun,
Benjang samangsa wisudan,
Munggah inggil sewayana sitihinggil,
Manggih tata raharja.

Kanjeng Sunan siram jamas aglis,
Gusti Wandansari gya mranata,
Wayah anglonge srengenge,
Dumugi serep surup,
Waranggana wiyaga muji,
Mbrengengeng santi mulya,
Karaton pikantuk,
Kawibawan kawidadan,
Abdi dalem sentana pangarsa mukti,
Kabagyan kaluhuran.

Nganti malem ing midodareni,
Palenggahan sasana sewaka,
Bedhaya ketawang gladhen,
Parasdya dalem agung,
Lenggah dhampar kencana rukmi,
Lenggahan ing paningrat,
Nenging cipta kalbu,
Jajar jajar nguntarasana,
Para abdi dalem sluku ing maligi,
Minta sih panuwunan.

Baca Juga:
Pangastuti dugi madya ratri,
Kanjeng Sunan mesu jejibahan,
Kanca kaji sami ndherek,
Narendra sru tuwajuh,
Masjid Paramasana mligi,
Ambengati sang nata,
Sembahyang tahajjud,
Maos kitab suci Quran,
Jroning kapti murih gancaring pakarti,
Sembada kang sinedya.

2.
Pangkur

Narpatmaja Surakarta,
Gusti Suryo Suharto dhasar wasis,
Olah seni adi luhung,
Mardi rehing kagunan,
Cekap cukup sakehing wignyan kacakup,
Sarat adat istiadat,
Kasantikan lahir batin.

Paku Buwono Telulas,
Amisuda Pangeran Mangkubumi,
Minangka atmaja sepuh,
Wenang nglintir sang nata,
Wengkon wengku mengko bakal dadi ratu,
Surakarta Hadiningrat,
Sugeng mbawahi sesami.

Santana abdi pangarsa,
Kanjeng Gusti Pangeran Hangabehi,
Payung agung sinengkuyung,
Jejering pengayoman,
Mawi wayah lumaku wahyaning wahyu,
Marak cerak martotama,
Keprabon katitik becik.

Kaleksanan palakrama,
Raden Ayu Siti Zainab pilih,
Garwa jujur agung luhur,
Pinanggih bagya mulya,
Setya tuhu atut runtut siyang dalu,
Ayem tentreming bebrayan,
Tutug momong putra putri.

Wusnya tampi kanugrahan,
Tatas titis jangkeping samukawis,
Selehing pandulu kalbu,
Kulawarga rinengga,
Jeng Aruming Larasati Kusumaningrum,
Raja putra Surakarta,
Suryo Muhammad Ibrahim.

Kinarya tepa tuladha,
Bibit kawit boboting urup urip,
Babad bebed budi sadu,
Mangka kaca benggala,
Pasuwitan abdi gumreget gumregut,
Paugeran kasentanan,
Guyub rukun golong gilig.

3.
Kinanthi

Kanjeng Kyai Udan Arum,
Kanjeng Kyai Udan Asih,
Yasan Dalem Kaping Sanga,
Jeng Sinuwun Bangun Puri,
Gusti Raden Mas Duksina,
Suka yasa pabrik gendhis.

Daya gamelan mangungkung,
Udan arum aweh wangi,
Dhateng Kraton Surakarta,
Sentana pangarsa abdi,
Sigrak gumyak enak penak,
Jejeg pribadi mandiri.

Lamun gamelan tinabuh,
Udan asih tumrap dasih,
Sumawuring rasa welas,
Daya dinayan sesami,
Gawa gawe kewajiban,
Ngayahi pakaryan nagri.

Kyai Manis Rengga semu,
Kaendahan edi peni,
Rerengganing dhatulaya,
Sesawangan sarwa manis,
Katinon saking mandrawa,
Paheman pra dewa dewi.

Carabalen gathuk mathuk,
Panyutra busana kuning,
Gambyong panonthong munya,
Klenang klenut sung pepeling,
Kempul gong laras rinengga,
Kendhang loro jaler estri.

Matumpa sambung sumambung,
Pagelaran sitihinggil,
Kamandhungan Balerata,
Marakata Sri Manganti,
Dugi bangsal sewayana,
Anglangkungi lawang gapit.

4.
Durma

Sunan Paku Buwono Kaping Patbelas,
Tumuju dhateng Masjid,
Sarana ngibadah,
Narendra trah Mataram,
Nindakake Jumatan wajib,
Kanthi jamaah,
Urut runtut prayogi.

Masjid Agung Surakarta Hadiningrat,
Masjid Laweyan Pengging,
Masjid Langenharja,
Masjid Ki Ageng Sela,
Masjid Kuthagedhe tumuli,
Demak Bintara,
Sareng kawula dasih.

Dedalane tumuju brayan kamulyan,
Sinuwun mesu budi,
Sanggar pamelengan,
Panggung Sangga Buwana,
Nenging cipta lerem ing galih,
Murih raharja,
Suluh selehing urip.

Sri narendra lelana tepi samudra,
Reresik pinggir gisik,
Ing Parang Kusuma,
Lelaku tapa brata,
Ratu Kencana Hadisari,
Dadya kepranan,
Kedhaton jalanidhi.

Caos dhahar konjuk dhateng kiblat papat,
Sunan Lawu rumiyin,
Brawijaya gangsal,
Alas Kredha Wahana,
Katut Dewi Kala Yuwati,
Laut Selatan,
Sekar Dhaton Merapi.

Tata cara run tumurun nak tumanak,
Jeng Sinuwun memetri,
Kehing kapitayan,
Karaton pengayoman,
Warna warna nggabuh Hyang Widhi,
Pamurba gesang,
Sangkan paran dumadi.

5.
Megatruh

Kanjeng Sinuwun Surakarta nenuwun,
Negari suka basuki,
Sadarum kuncara arum,
Enget lampahan kawuri,
Kerep anandhang prihatos.

Kang karuhun yayah rena anenuntun,
Andhawuhi mawas diri,
Pandulu ambu pangrungu,
Sapecak dugi prayogi,
Penggalih eling waspaos.

Agung luhur gegayuhan kang sempulur,
Kuat tekading pambudi,
Temu udhu bahu suku,
Ngrampungi kabeh pakarti,
Nadyan kahanan rekaos.

Taksih timur Jeng Sunan antuk pitutur,
Serat Wulangreh Centhini,
Wulang putra sana sunu,
Dewaruci Candrarini,
Reriptan pujangga katong.

Wus misuwur tumrap wejangan leluhur,
Ngegungna laku prihatin,
Ing wana gung liwang liwung,
Tarak brata mesu budi,
Sastra piwulang angemot.

Barang kawruh pangawikan lereh luruh,
Bebrayan sambet sesami,
Sambang sambung sawang srawung,
Gancar lancaring pakarti,
Mangkya Sinuwun sumorot.

Dagang bakul tani tukang sing pinunjul,
Prayogane den lakoni,
Sapa weruh tambel butuh,
Jeng Sinuwun nayogyani,
Amrih sumunaring pamor.

6.
Maskumambang

Jeng Sinuwun njajah desa milangkori,
Tedhak kutha Panaraga,
Pajimatan Tegalwangi,
Tlatah Nganjuk ing bang wetan.

Nalikane Pakasa Pang Wonogiri,
Ngadani pesta kepyakan,
Jeng Pangeran Mangkubumi,
Mandhegani upacara.

Ngeling eling Sinuwun tedhak ing Pengging,
Sebaran apem keyong mas,
Pindha paring udhik udhik,
Sagung titah ngalap berkah.

Ing Jatinom Ya Kowiyu duking nguni,
Kyai Ageng Gribig mejang,
Kirab apem saben warsi,
Jeng Sinuwun kersa tedhak.

Kabupaten Panaraga kang wigati,
Hadeging kang dhatulaya,
Kanjeng Sinuwun kaping dwi,
Dangu anggone mesanggrah.

Sri Ratu Kencana Amangkurat Jawi,
Bupati Tirtakusuma,
Tlatah Kudus den tedhaki,
Mahargya warga Pakasa.

7.
Gambuh

Busana sarwa besus,
Katon alus priyayine bagus,
Kanjeng Sunan Paku Buwono marisi,
Nyata darahe ngaluhur,
Tinonton tetep mencorong.

Karep kerep sesurup,
Arep urup sumunar sumurup,
Gemi ngati ati tumata nastiti,
Jeng Sinuwun kebak kayun,
Kayungyun dadyo pengayom.

Donga puji pinunjul ,
Jangka unggul panjakaning kabul,
Tata titi terus permana permati,
Kadhaton banjur binangun,
Surakarta gya kesohor.

Arah sajuru juru,
Pra sedulur gawa gawe makmur,
Among dagang among daya among tani,
Jeng Sinuwun guyub rukun,
Darma bakti gotong royong.

Winastan bandha bandhu,
Sawab ratu lumaku tinuku,
Mangastuti wakili Sang Hyang Widhi,
Sepuh wutuh tetep tangguh,
Tatanane tanggap tanggon.

Taman temen tinemu,
Trus tinempuh mawi lenggah lungguh,
Lageyane para abdi merak ati,
Kekadangan kayat kayun,
Sinandi gambaran kayon.

8.
Pucung

Jeng Sinuwun rinten dalu trus nenuwun,
Marang murbeng gesang,
Pamikir jagad sakalir,
Sinugata antuk panjurung kawula.

Munggah dhuwur Karaton tambah misuwur,
Kaonang ngumandhang,
Sami caos bulu bekti,
Mingset mlampah ngalap berkah tikel kathah.

Patut runtut abdi dalem mbangun turut,
Sangga sesanggeman,
Sinunggi pinundhi pundhi,
Samya setya santi rumeksa saraya.

Warah weruh wulangane larah luruh,
Lurus laris laras,
Wedana mantri bupati,
Pangreh praja saiyek saeka praya.

Desa gunung kutha ngakutha nyengkuyung,
Sagunging kawula,
Jejel riyel pacak baris,
Kanjeng Sunan sinartanan kayuwanan.

Turut lurung tela puhung pari jagung,
Uwohing ngrembaka,
Karaton yekti mberkati,
Pra kawula ginanjar sakeh nugraha.

9.
Asmarandana

Kanjeng Sunan welas asih,
Sentana abdi pangarsa,
Jawat asta gandheng renteng,
Paguyuban pra kawula,
Manunggal jiwane kempal,
Sunan ber bandha ber bandhu,
Ing cipta ndherek suwita.

Ngungak bobot bebet bibit,
Bobot kebak ing kawignyan,
Ngeleng ngelung ngarah ngore,
Bebet sasana hartaka,
Pawitane sanak kadang,
Bibit trah rembesing madu,
Nyata darahing kusuma.

Sunan winasis lumaris,
Sambet mitra kekadangan,
Regeng gayeng sugeng rame,
Ngayahi pakaryan pura,
Pepuntoning laku tama,
Samya jumurung nyengkuyung,
Kanugrahan Kanjeng Sunan.

Mardi sasmita jinarwi,
Jeng Sunan sampun wikan,
Nadyan ijen terus gladhen,
Terampil rikat trengginas,
Minangka pangarsa praja,
Solah bawa bakal tunut,
Kinarya kaca benggala.

Menep weninging penggalih,
Kanjeng Sunan kaleksanan,
Umyung gangsa beri bendhe,
Suling peling nut wirama,
Warata dugi sapraja,
Suwara gumyak gumuruh,
Muncar gebyar sru sumunar.

Sri narpati sru nelahi,
Paadhang jingglang jagad raya,
Kutha desa gunung ngare,
Nyawiji ing pasuwitan,
Kanthi lila lan legawa,
Dhumateng narendra agung,
Surakarta Hadiningrat.

10.
Sinom

Kapurwakan Grebeg Sura,
Tata cara ganti warsi,
Kyai Slamet cucuk lampah,
Kutha Sala den ubengi,
Lampah samargi margi,
Puter tepung gelang kemput,
Pendherek sung pamuja,
Wiwit wanci madya ratri,
Kersa ngarak penak jenak trus pinarak.

Penget hadeging negara,
Kalih dasa Pebruari,
Pitulas sekawan gangsal,
Sura pitulas katiti,
Paku Buwono ping dwi,
Trah Kraton Surakarta,
Wilujengan jenang manis,
Pangandikan pangageng warta barikan.

Wana Karandha Wahana,
Bathari Kala Yuwati,
Serah srahan daging mentah,
Katlah slametan negari,
Pra sentana ngadani,
Sinebut maesa lawung,
Budi Arab Hindustan,
Puja puji pangastuti,
Nuli maca prastawa lakon narendra.

Nyadran sowan pajimatan,
Leluhur sampun suwargi,
Puralaya Pajimatan,
Laweyan pujangga Pengging,
Ngerang Sela Penjawi,
Panaraga Tarub Butuh,
Amangkurat ing Tegal,
Minulya nata Mentawis,
Surakarta Hadiningrat rum kuncara.

Pahargyan wulane pasa,
Lailatul Qodar nenggih,
Sajroning wanci Ramadan,
Siyam dumugi sesasi,
Meper hardaning diri,
Winastan malem selikur,
Tumpeng sewu diarak,
Ngibadah kaum Muslimin,
Surakarta masjid agung lumaksana.

Upacara grebeg bada,
Perayaan idul fitri,
Ngarak pareden gunungan,
Hasil bumi warni warni,
Tahlil tahmid lan takbir,
Ngumandhang sajuru juru,
Apura ingapura,
Taline silaturahmi,
Tanah Jawa mbabar piwulang agama.

11.
Mijil

Pahargyan wiyose Kanjeng Nabi,
Mirunggan kelakon,
Wus kaloka gerebeg sekaten,
Pasar malem tinata sesasi,
Kyai Guntur Sari,
Nabuh Guntur Madu.

Sasi besar tumrap tiyang Jawi,
Pancen entheng abot,
Krana padha duwe gawe gedhe,
Samukawis metu dana picis,
Grebeg besar yekti,
Ana Masjid Agung.

Kanjeng Sunan terus mandhegani,
Upacara Kraton,
Siyang ratri miwah enjang sore,
Anut punjering budaya Jawi,
Basuki lestari,
Hayu run tumurun.

Surakarta Hadiningrat pilih,
Bibit bebet bobot,
Kinen bisa mangkin jejer moncer,
Genah mimbuhi tepa palupi,
Tumraping sesami,
Dadya payung agung.

Sagung para abdi dalem sami,
Prayogi wigatos,
Andum gawe mapan kana kene,
Kabudayan Jawi tuwuh semi,
Ndherek sri narpati,
Jeng nata Sinuwun.


Surakarta Hadiningrat, Jumat Pon 18 September 2026.
Purwadi

Ayo baca konten menarik lainnya dan follow kami di Google News
Sumber
:
SHARE:
Tags
Berita Terkait
Amangkurat III Setono Gedong Kediri

Amangkurat III Setono Gedong Kediri

Lancaran Wiendu Nuryanti

Lancaran Wiendu Nuryanti

Handayaningrat Bupati Pengging Sakti Mandraguna

Handayaningrat Bupati Pengging Sakti Mandraguna

Prajurit Ratu Kidul

Prajurit Ratu Kidul

Sejarah Karaton Surakarta Hadiningrat

Sejarah Karaton Surakarta Hadiningrat

Sultan Agungan Imogiri

Sultan Agungan Imogiri

Komentar
Berita Terbaru